Minggu, 05 Februari 2012

Jumat, 27 Januari 2012

Ki Urat


Ki Urat (Daun Sendok)


                        Ki urat utawa daun sendok,jeneng latine Plantago mayor (L). Dijenengi ki urat merga bias nambani lara nyeri otot lan rematik. Thukul ing sadhengah papan, ing pinggir dalan lan pakebonan. Wite cendhek mepet lemah, godhonge kaya sendhok gedhe mula ana sing ngarani daun sendok. Dawane 5-10 cm, ambane 5-9 cm. Bisa ueip in ngendi wae, ing dhataran cendhek utawa ing pegunungan.  Ana kembange wernane coklat rada abang utawa kuning rada klawu. Ing panggonan tartamtu godhong sendhok kanggo lawuh, dijangan utawa dikulup.


                        Miturut penelitian Ki Urat utawa daun sendok nduweni kasiyat antiradang, mbacarake seni, antiseptik, ngencerake riak (obat watuk), lan ngendhekake pendaharan (hemostatis). Saliyane iku menurut panilitian kang pungkasan Ki Urat nduweni kasiyat normalake aktivitas organ ati (liver), ngerutake jaringan (asttrigent) lan ngilangake rasa ngelak. Saliyane wite, wohe uga nduweni kasiyat”merangsang nafsu seks”, nguwatake paru-paru, mbacarake seni, ngundhunake panas yen lara liver, lan marakake pandeleng terang.

                        Wohe Ki Urat wangune lonjong, ana isine 2-4 wernane ireng kisut-kisut. Yen kanggo jamu digodhog karo banyu, diunjuk banyune. Isine wohe Ki Urat kena kanggo jamu asam urat merga bias mbuwang urea, asam urat, lan sodium chloride.


                        Miturut kandhane ahli herbal Dr. Setiawan Dalimartha (Kiat Alami), herbal Ki Urat ngandhung plantagin, aukubin, asam ursolik,bsitosterol, nhentriakontan, lan plantagluside. Saliyane iku uga ngandhung zat tannin, kalium, vitamin B1, vitamin C, vitamin A. Mula becik banget yen kanggo kuluban utawa lalapan. Kalium kanggo mbacarake seni lan nglarutake garam kalsium sing meneb ing ginjel utawa ing kandhung kencing. Mula Ki Urat becik banget kanggo wong sing duwe penyakit gangguan ing ginjel, kanyata watu gijel, kerep infeksi saluran kencing lan seni kurang lancer. (kapetik saka jaya baya noo 14 Minggu pertama Desember 2008).  

Sinau liwat Internet


Sinau liwat internet


                          AEC ( Asia Europe Classroom ) kawiwitan mandeg taun 1998 kang mujudkake kerangka kerjane people to people exchange saka ASEF ( Asia Europe Foundation ) ngluncurake proyek cyber classroom, learning beyond boundaries. Proyek iki miwujudake proyek pembelajajaran liwat internet kang tanpa kentel wates lan ngutamakake kanggo siswa lan guru saka negara-negara Asia Eruope.


            Kanggo nguwati lan ningkatake proyek Cyber Classroom iki, ASEF kang sajrone naungan ASEM (Asia Europe Meeting ) banjur nganakake konfrensi kapisan manggon ing Saingapura ( taun 2001 ), konfrensi kapindho ing tempere Firlandia ( taun 2002 ), lan konfrensi katelune ing Bogor Indonesia ( wulan September 2003 ). Indonesia dhewe minangka anggota ASEAN during ngirimkake wakile ing konfrensi kapisan. Banjur nembe ngirimake salah siji guru minangka perwakilan yaiku ing konfrensi kapindho, nuli ngirimkake sawatara guru ing konfrensi katelune.


Proyek Cyber Classroom, Learning beyond boundaries ( ruang kelas maya, sinau tanpa wates )mujudake ssawijining pembelajaran liwat internet. Pembelajaran iki migunakake kelonggaran kang ditawakake dening kecanggihane teknologi informasi lan komunikasi. Sejatine ing Indonesia dhewe, metode pembelajaran kanthi internet minangka sumber pembelajaran wis akeh tinindhake, kayata : kanthi download informasi onjo kang paling pungkasan kanggo meteri/bahan piwulangan. Nanging cyber classroom saka AEC iki nawakake metode pembelajaran kang beda, wondene padha-padha migunakake media internet.
Tujuan utama proyek, utamane kanggo ngundhakake ajune pendidikan liwat ngetrapkake teknologi informasi lan komunikasi. Sakliyane iku, ngrembakake wadhah kreatif kang nawakake proyek pembelajaran on-line paling inofatif lan mupangat tumrap sekolah menengah ing Asia lan Eropa sarta ngundhakake kerja barengantarane guru lan siswa sekolah menengah ing Asia lan Eropa kasebut. Kabeh mau kanggo ngundhakake cross cultural learning lan multi cultural exchange.


Tumpakake Cyber Classroom ing Indonesia isih during dirancang. Bab iku, utamane disebabkake saka sekolah-sekolah sing during darbe lebel internasional lan unggulan. Pepalang kasebut, umpamane: kurange kasiyapan sekolah kanggo ngadani lab internet, personal computer, anane jaringan,modem, sarta mbayar rekening telpon ing saben sasi. Saliyane pepalang fisik mau, uga ana pepalang kang asipat non fisik, yaiku kurang mempunine siswa bab basa inggrise kayata: sajrone nindakake survey, maca literature lan nulis asil karya tulise kang wujud laporan. Uga kawatese kompetensine siswa lan guru kanggo ngrancang web kang arep nampilake asil-asil karya siswa kayata: ngelebokake motion picture saka handycam menyang web upload, Isp.


Kaya mangkono tumapake pemblajaran kanthi migunakake media internet. Awake dhewe minangka guru kudune ora mandheg ing enggon. Dhek wingi bae computer during pasti bisa. Saiki katambahan internet, terus yen wing iwis ketinggalan, apa saiki saya ketinggalan maneh? Mengko gek-gek malah pinter siswane tenan! Ayo kita nyedhak kaur kurikulum, nuli ngrerepa mring Bapak kepala sekolah ben penginan kita difasilitasi! Bubar iku, kita banjur nyoba sinau bareng-bareng. OK! Piye, rak sarujuk ta eguh pratikelku? ( Kapetik saka jaya baya no 14 Minggu pertama Desember 2008 ).

Slot Music , Apa maneh kuwi ?




Sawise jaman pita kaset dikalahake CD lan DVD, saiki perusahaan kang nggawe kartu memori bakal adol music kang diwadhahi kartu memori.




Langkah iki dipandengani dening perusahaan kang nggawe kartu memori SanDisk Corp kyang makarya bebarengan klawan perusahaan-perusahaan rekaman dunia lan perusahaan retailer best buy lan Wal Mart. Pengedole music kang diwadahi kartu memori iki diajap bakal nambah akehe strategi pemasaran para label rekaman saengga mengkone bisa nambah pundhi-pundhi insane music.

Kaya dhikandhakake Associated Press Senin kepungkur, strategi adol lagu-lagu lumantar memori card kabare bakal diwiwiti minggu iki kanthi aran aran program slotmusic. Mengkone, album-album music weton Universal Musik Group, Sony BMG, Waner Music lan EMI Group, bakal diproduksi kanthi minggunakake SD Card, pepak klawan software proteksi kanggo ngendhahi anane bajakan.

Manut data Nielsen SoundScan, pepayone music kanthi migunakake CD saiki wis nggayuh 449 juta unit ing taun 2007. Dene pepayone music kanthi migunakake format digital kayadene. Online store lan liyane wis nggayuh 50 yuta download. Nanging taun iki, pepayone music CD diprediksi bakal mudhun kepara mudhune nggayuh 19 persen.

“SlothMusic bakal didol jroning wujud microCD kanthi kapasitas 1 gigabyte. Kapasitas kang cukup gedhe iki cukup banget kanggo nyimpen sawijining album music duweke penyanyi, pepak klawan konten liyane kayadene wallpaper, lan tampila kover persis ing album wadhah tradisional. Kepara kapasitas memori kang isih torah bisa digunakake kanggo nyimpen lagu-lagu liyane”Ujare kepala bisnis audio-video SanDisk Danied Schreiber. ( Kapetik saka penyebar semangat no 41 11 Oktober 2008).