Jumat, 27 Januari 2012

Slot Music , Apa maneh kuwi ?




Sawise jaman pita kaset dikalahake CD lan DVD, saiki perusahaan kang nggawe kartu memori bakal adol music kang diwadhahi kartu memori.




Langkah iki dipandengani dening perusahaan kang nggawe kartu memori SanDisk Corp kyang makarya bebarengan klawan perusahaan-perusahaan rekaman dunia lan perusahaan retailer best buy lan Wal Mart. Pengedole music kang diwadahi kartu memori iki diajap bakal nambah akehe strategi pemasaran para label rekaman saengga mengkone bisa nambah pundhi-pundhi insane music.

Kaya dhikandhakake Associated Press Senin kepungkur, strategi adol lagu-lagu lumantar memori card kabare bakal diwiwiti minggu iki kanthi aran aran program slotmusic. Mengkone, album-album music weton Universal Musik Group, Sony BMG, Waner Music lan EMI Group, bakal diproduksi kanthi minggunakake SD Card, pepak klawan software proteksi kanggo ngendhahi anane bajakan.

Manut data Nielsen SoundScan, pepayone music kanthi migunakake CD saiki wis nggayuh 449 juta unit ing taun 2007. Dene pepayone music kanthi migunakake format digital kayadene. Online store lan liyane wis nggayuh 50 yuta download. Nanging taun iki, pepayone music CD diprediksi bakal mudhun kepara mudhune nggayuh 19 persen.

“SlothMusic bakal didol jroning wujud microCD kanthi kapasitas 1 gigabyte. Kapasitas kang cukup gedhe iki cukup banget kanggo nyimpen sawijining album music duweke penyanyi, pepak klawan konten liyane kayadene wallpaper, lan tampila kover persis ing album wadhah tradisional. Kepara kapasitas memori kang isih torah bisa digunakake kanggo nyimpen lagu-lagu liyane”Ujare kepala bisnis audio-video SanDisk Danied Schreiber. ( Kapetik saka penyebar semangat no 41 11 Oktober 2008).     

0 komentar:

Posting Komentar