Ki Urat (Daun Sendok)
Ki urat utawa daun sendok,jeneng latine Plantago mayor (L). Dijenengi ki urat merga bias nambani lara nyeri otot lan rematik. Thukul ing sadhengah papan, ing pinggir dalan lan pakebonan. Wite cendhek mepet lemah, godhonge kaya sendhok gedhe mula ana sing ngarani daun sendok. Dawane 5-10 cm, ambane 5-9 cm. Bisa ueip in ngendi wae, ing dhataran cendhek utawa ing pegunungan. Ana kembange wernane coklat rada abang utawa kuning rada klawu. Ing panggonan tartamtu godhong sendhok kanggo lawuh, dijangan utawa dikulup.
Miturut penelitian Ki Urat utawa daun sendok nduweni kasiyat antiradang, mbacarake seni, antiseptik, ngencerake riak (obat watuk), lan ngendhekake pendaharan (hemostatis). Saliyane iku menurut panilitian kang pungkasan Ki Urat nduweni kasiyat normalake aktivitas organ ati (liver), ngerutake jaringan (asttrigent) lan ngilangake rasa ngelak. Saliyane wite, wohe uga nduweni kasiyat”merangsang nafsu seks”, nguwatake paru-paru, mbacarake seni, ngundhunake panas yen lara liver, lan marakake pandeleng terang.
Wohe Ki Urat wangune lonjong, ana isine 2-4 wernane ireng kisut-kisut. Yen kanggo jamu digodhog karo banyu, diunjuk banyune. Isine wohe Ki Urat kena kanggo jamu asam urat merga bias mbuwang urea, asam urat, lan sodium chloride.
Miturut kandhane ahli herbal Dr. Setiawan Dalimartha (Kiat Alami), herbal Ki Urat ngandhung plantagin, aukubin, asam ursolik,bsitosterol, nhentriakontan, lan plantagluside. Saliyane iku uga ngandhung zat tannin, kalium, vitamin B1, vitamin C, vitamin A. Mula becik banget yen kanggo kuluban utawa lalapan. Kalium kanggo mbacarake seni lan nglarutake garam kalsium sing meneb ing ginjel utawa ing kandhung kencing. Mula Ki Urat becik banget kanggo wong sing duwe penyakit gangguan ing ginjel, kanyata watu gijel, kerep infeksi saluran kencing lan seni kurang lancer. (kapetik saka jaya baya noo 14 Minggu pertama Desember 2008).

0 komentar:
Posting Komentar